Mung salah siji sarana nyuntak gagasan “abjad” aksara Jawa iku uga bisa awujud sastra sarimbagan nanging dudu carakan. Yen ing carakan larikan kapisan unine HA NA CA RA KA (ana caraka utawa utusan), ing othak-athik iki penulis njenengake “dhagelan” awit ing larikan kapisan unine HA NA DHA GA LA (ana dhagelan utawa badhut). Dhapukan “abjad dhagelan” sawutuhe kaya kang katur ing ngisor iki:
HA NA DHA GA LA
(ANA DHAGELAN)
YA NGA MA CA THA
(YEN NGOMONG CETHA)
RA BA TA KA SA
(REBUTAN KURSI)
NYA WA DA JA PA
(NYAWA DIJUPUK)
“Abjad” kasebut bisa disurasa kanthi ringkes utawa rowa. Ing kene penulis mung ngaturake oncek-oncekan sawatara kanthi ringkes dicundhukake karo winatese papan ing rubrik othak-athik mathuk iki. Yen mathuk lan sarujuk, para maos mesthine isih bisa ngulir lan ngulur maneh. Sumangga kersa. Dene surasa kanthi ringkes kaaturake mangkene:
HA NA DHA GA LA
Ana dhagelan. Dhagelan lumrahe ana ing panggung tontonan. Ing panggung kethoprak, sandiwara, banyolan panakawan ing pawayangan lan sapanunggalane. Nanging uga ana sing ngarani yen lumahing jagad iki, mujudake panggung dhagelan. Ing endi-endi ana dhagelan. Ing kalangan legislatif, eksekutif, yudikatif, bank, BUMN, proyek, lan liya-liyane ora sepi dhagelan.
Dhagelan ing panggung tontonan bisa dadi panglipur, bisa gawe guyu kepingkel-pingkel. Nanging dhagelan ing papan-papan saliyane panggung kasebut ing ngarep malah agawe mangkel, anyel. Gawe rugine negara, gawe kasangsarane rakyat.
YA NGA MA CA THA
Yen ngomong cetha. Omongane gampang ditampa. Sing ngrungokake lan sing krungu bisa kepencut karo omongane dhagelan sing pinter mikat ati. Sumpah lan janji-janjine kaya tenan-tenana. Nanging kabeh mau mung lelamisan kanggo nggayuh tujuan sing mung kanggo kepentingane dhiri pribadi, kulawarga, lan golongane. Bareng wis kelakon gegayuhane, lali (nglali) karo omongane, karo sumpah jabatane, cidra ing ubaya, ora bawa laksana, ora netepi pangandika.
RA BA TA KA SA
Rebutan kursi. Kursi ing pangreten iki nunggal surasa karo kalungguhan utawa jabatan. Ana sing ngarani tahta. Kursi sing nekakake rejeki. Tumrap saperangan wong sing ngaku dadi pemimpin, kursi mono ana sing ora dianggo ngentas kasangsarane rakyat, nanging kanggo numpuk donya brana. Tahta lan harta tumrap pemimpin-pemimpin sing lali marang Pangerane, sing lali karo sing mesthine dipimpin, malah disalahgunakake kanggo ngumbar angkara murka nggandheng wanita liya (dudu bojone). Dene para kawula, embuh masa bodhoa, sing penting bisa terus nglungguhi kursi empuk numpuk bandha.
Apa ngene iki sing diarani jaman Satriya Piningit, lire watak satriya ora ketara (piningit) dene watak danawa angkara murka diumbar ndadra? Padha rebutan kursi, rebutan kalungguhan, rebutan rejeki. Kapan jumedhule Satriya Piningit mbrastha angkara murka, pancen isih dadi kekerane Gusti Kang Maha Kawasa. Mangkono uga Ratu Adil durung jumedhul, sing ana malah ratu-ratu (para pemimpin) sing diadili marga nyalahgunakake jabatane sarana KKN (Korupsi, Kolusi, Nepotisme).
NYA WA DA JA PA
Nyawa dijupuk. Supaya bisa lan tansah bisa nglungguhi kursi jabatan, maneka cara ditindakake. Kasar-alus dilakoni. Sing sajak bisa dadi pepalang, disingkirake. Kanca bisa dadi satru. Yen dianggep perlu ora wigah-wigih gawe paeka utawa fitnah, gawe pepati ndhisiki kersane Pangeran.
Mangkono mau surasane “abjad” Aksara Jawa Dhagelan othak-athike penulis. Surasa kasebut isih bisa diudhal nganti ngandhar-andhar angendukur. Sanajan mung reringkesan, penulis precaya, para maos wis bisa nanggapi.
Kaya kang wis katur ing ngarep “abjad” dhagelan kasebut ora kanggo ada-ada ngruwat abjad ha-na-ca-ra-ka. Dene gagasan ngruwat abjad sing cundhuk karo donyaning pendidikan, sing nduweni daya panjurung (motivatif), daya panggulawenthah (edukatif), lan daya panggrengseng semangat (spirit) ing alam Indonesia Membangun, bakal kaaturake ing papan lan kalodhangan candhake.
Ature: M. Soemarsono
Jaya Baya 49/LX, 6-12 Agustus 2006
Miturut kagunane ati iku kalebu organ ekskresi, yaiku organ sing dadi papan mrosese zat-zat sing wis ora migunani tumrap awak, sing arupa cairan, kayata urin, kringet, lan uga banyu. Dene sing diasilake ing ati wujud cairan empedu, sing saben dina watara setengah liter akehe. Empedu sing wernane semu ijo iku diwadhahi kanthong empedu (vesika pelea), wong Jawa olehe ngarani peru.
Menawa saluran empedu iku katutup kolesterol bisa nuwuhake batu empedu, mahanani empedu ora bisa disimpen ing jero kanthong empedu lan langsung tumuju mlebu ing peredaran getih. Wusana warna getih dadi semu kuning, lan iki sing diarani penyakit kuning.
Ati uga dadi papane ngrombak 10 yuta sel darah merah sing wis tuwa (rusak), dadi bisa dipigunakake maneh kanggo kepentingan organ liyane. Lan uga minangka siji-sijine kelenjar sing bisa ngasilake enzim orginase. Dene enzim iki bisa milah-milah asam amino orginin dadi asam animo ornitin lan urea. Dene asam animo ornitin iku duwe faedah ngiket CO2 lan NH3 sing nduweni sifat racun. Mula bisa dibayangake, yen ati iku rusak, ora bisa dimanfaatake maneh. Anane mung nuwuhake lelara.
LARA ATI
Yen ana wong sing dienyek utawa ora diajeni adate banjur kandha lara atine. Kamangka ora ana gangguan apa-apa tumrap “kerjane” ati. Wong iku tetep sehat wal afiat. Isih kuwat mlayu adohe sepuluh kilometer, isih bisa numpak pit, isih gelem nyambut gawe. Nanging geneya wong kasebut kandha lara atine?
Ing hadis Nabi Muhammmad SAW disebutake ing jero awak iki ana perangan sing yen kahanane apik, bakal becik kahanane umat manungsa. Suwalike yen barang kasebut rusak, bakal rusak kabeh lelakone manungsa. Barang kasebut yaiku ATI. Mangka lara iku kalebu kahanan sing lagi ora apik. Mula ora aneh yen wong sing lagi lara atine bisa nesu, ngamuk, malah nekad ngayut tuwuh. Kok ya cupet temen nalare?
NGROGOH ATI, NGRANGGEH REMPELA
Apa bener ati iku bisa dirogoh? Yen diwawas saka segi ilmiah kok kaningaya temen? Nanging yen winawas sacara simbolik, cetha manungsa iku bisa dirogoh atine. Ati mujudake punjer moral sosiale manungsa. Mula yen ana wong sing kejem lan wengis, adate banjur diarani wong ora duwe ati nurani. Wong yen wis bisa ngrogoh atine wong liya sarta katurutan sedyane, adate banjur dadi ngambra-ngambra kekarepane. Yen wis oleh ati banjur kepengin ngranggeh rempela. Nglunjak, sakarepe dhewe.
MAMBU ATI
Senajan wis dibungkus kanthi rapet lan primpen, tetela sing jenenge ati iku tetep bisa “diambu”. Mambu ati kena diarani wis dadi kembange wong urip. Kamangka yen bener-bener mambu, wah, bakal ngerteni wewadine wong liya. Beja dene Gusti Allah wis nakdirake yen manungsa iku ora duwe kaluwihan kaya mangkono. Mambu ati mung bisa dimangerteni lan dirasakake dening wong sing lagi duwe rasa sir mligine marang liya jinis. Dene sing lagi disir ora mesthi bisa ngrasakake yen ana wong liya sing lagi mambu ati marang dheweke. Mula wong sing lagi mambu ati marang wong liya adate goreh banget. Yen ora kepethuk sajak kepengin banget kepethuk, nanging yen wis adhep-adhepan adate banjur dadi blingsatan. Clegukan ora bisa ngomong. Apa maneh yen olehe “jatuh ati” iku kanggo sing pisanan sawise ngancik dewasa. Wah, wah....
NGATI-ATI
Geneya mung ati wae sing kanggo tandha pepenget? Apa ora ana bagiyan awak liyane sing kena kanggo pepeling lan pepenget. Upamane sikil, tangan: nyikil-sikil, njantung-jantung, lan liya-liyane?
Nalika putra-putri panjenengan arep lelungan adoh utawa nggawa barang sing pengaji, mesthi diwanti-wanti supaya sing ngati-ati. Ngati-ati aja nganti lena, bokmenawa ana copet, ngati-ati neng dalan aja menga-mengo. Apa maneh yen ana sesambungane karo dhuwit, “Ngati-ati Ndhuk anggone nganggo dhuwit, iku mung pas-pasan. Kudu cukup kanggo sawulan lho....”
Adate bocah sing dikandhani banjur muncu-muncu, “Walah Ibu iki, kok ora percaya temen karo aku.”
Pancen sing jenenge bocah durung ngerti sepira angele golek dhuwit. Ngertine mung njaluk lan kudu dituruti. Niru cilikane bapake biyen he... he... he!
BISA ATOS
Ati iku dadi papan dununge wateg. Wateg iku ilange yen wis dipeteg, dikubur. Wong sing atine “atos” sering disepatani wong liya. Apa maneh wong sing atine atos iku duwe panguwasa, duwe raja brana alias sugih, utawa kaluwihan liyane sing ora diduweni dening wong liya. Ing samubarang kalir njaluke menang utawa dimenangake. Anggepane apa-apa iku bisa dituku nganggo dhuwit. Dikandhani ngeyel, diwenehi ngerti ngakune wis pinter, adate omongane sengak, ana ing sesrawungan karepe kudu dadi pemimpin.
Geneya ilange wateg yen wis dipeteg? Manungsa iki asale saka lemah, lan bakal bali maneh marang lemah. Mula yen wis dipeteg dikubur neng lemah bakal bosok, ora ngribeti maneh ing pasrawungan.
Ature: Aris Hidayatno
JB 46/LX, 16-22 Juli 2006
Embuh endi ing antarane dongeng ing dhuwur iku sing bener. Sing genah, aksara cacah 20 kang kapantha lima-lima iku duwe kandhutan sawijining crita: Hanacaraka (ana utusan), Datasawala (padha padudon), Padhajayanya (padha digdayane), lan Magabathanga (padha dadi bathang/sampyuh).
Ing Primbon Bektijammal Adammakna, katlesih kandhutan werdining aksara Jawa mau mangkene: Hanacaraka (ana utusan, yaiku utusane Gusti Allah, wong lanang lan wong wadon), Datasawala (utusan mau padha padu, yaiku padha campuh saresmi), Padhajayanya (padha digdayane), lan Magabathanga (lanang wadon padha sampyuh).
Lire, donya iki dumadi saka wong lanang wadon kang mujudake utusane Gusti Allah. Lanang wadon mau padha padu tegese campuh saresmi netepi wajib anggone padha jejodhowan. Padha digdayane, ateges tandhing karosane. Sabubare saresmi biasane kaya wong kang sampyuh ing paprangan, ngglethak angler.
Othak-athik mathuk pancen gaweyane wong Jawa. Klebu werdine aksara Jawa kang rinonce kaya iki: Ha (H)urip, Na (nur), C (cahya), Ra (roh/rasa), Ka (kumpul), Da (dadi), Ta (tetes), Sa (sawiji), Wa (wadon), La (lanang), Pa (pati), Dha (dhadhal), Ja jiwa (raga), Ya (ya Allah), Nya (nyata), Ma (manungsa), Ga (gilir gumanti), Ba (bakal), Tha (thukul), Nga (ngalam donya).
Yen tembung-tembung ing dhuwur iku dironce, aksara Jawa cacah 20 iku nduweni teges: Urip (asal saka) nur cahya (lan) roh (kang) kumpul dadi tetes sawiji (nuwuhi) wadon (lan) lanang, (samangsa tumekeng) pati, (bakal) dhadhal jiwa ragane, ya Allah, nyata manungsa gilir gumanti bakal thukul (ing) ngalam donya.
JANGKA KAMARDIKAN
Ing jagad kejawen ana sawijining jangka utawa ramalan kang unine mangkene: Benjing menawi sampun wonten Pandita utawi Wiku Angesthi Sawiji, ing ngriku awit saking karsaning Sang Hyang Widi kendeling dahuru. Tanah Jawi wiwit tata tentrem.
Jangka arupa candrasengkala iki tlesihane mangkene: Pandhita (7), Wiku (7), Mangesthi (8), Sawiji (1). Tibane taun Jawa 1877 utawa taun 1945 M. Jangka kasebut duwe karep, kahanan bakal tata tentrem sawise kita merdeka, yaiku taun 1945.
Sawise merdeka, pranyata perang isih makantar-kantar. Ing jaman sawise merdeka iku mula ana maneh tetembungan kang werdine sinengker. Mangkene: Galibedan tudang-tuding kados tiyang edan, metangi sakathahing tiyang. Lan uga tetembungan: Diwolak-walik gosong. Ukara sinengker iki candhakane taun 1881 Jawa (1949 M) yaiku taun penyerahan kedaulatan saka Belanda menyang RI.
Angka taun 1881 iku nuduhake tembung tudang-tuding (angka 1 cacah loro) lan tembung diwolak-walik gosong (angkane 1881 diwolak-walik sami mawon). Saliyane iku, angka 1881 yen ditulis nganggo aksara Jawa mangkene: 1 (ga), 8 (pa/aksara gedhe). Banjur dadi tulisan ga-pa-pa-ga (gak, pa-pa, gak). Karepe, ing penyerahan kedaulatan taun 1949 iku Belanda wis gak, pa-pa, gak (ora ana apa-apane), pancene kudu ngono manut jangka.
Nalika jamane R Ng. Ranggawarsita, tau panjenengane ditakoni dening CF Winter, sawijining bangsa Landa kang kasengsem marang sastra Jawa. Pitakone mangkene, “Kyai Pujangga, manut wawasan Kyai kang waskitha, kapan kira-kira surute panguwasane Belanda ing Tanah Jawa iki?”
R. Ng. Ranggawarsita kanthi aris mangsuli, yen mengko wis ana “Ori awoh gaga lan Gusti Patih wuda”, iku titi mangsane Walanda oncat saka bumi Jawa. Mesthi wae CF Winter ora ngerti apa sing dikarepake. Apa ana pring ori kok awoh pari gaga lan Gusti Patih kok ora duwe isin.
Sing dikarepake unen-unen mau, Ori dudu pring nanging jenenge Gubernur Jendral Belanda. Gaga dudu pari nanging aksara Jawa “ga” jejer loro, kang tegese angka 11 (sewelas), yaiku samangsa rajane Paku Buwana XI (1939-1945). Ya ing wanci kuwi Landa bakal oncat saka Jawa. Dene sing dikarepake Gusti Patih wuda, yaiku patihe PB XI ingkang asma Jayanagara. Sing dikarepake wuda yaiku jenenge kang nglegena (Jayanagara), aksara Jawa yen ora disandhangi disebut nglegena (wuda).
PERANG DUNIA I LAN II
Kang pungkasan, yaiku sesambungane aksara Jawa klawan Perang Dunia I lan II. Perang Dunia I suwene limang taun, yaiku 1914-1918. Angka taun 1914 yen digunggung ketemu angka 15 (1+9+1+4). Angka 15 kagunggung maneh candhakane angka 6.
Sabanjure angka taun 1915, 1916, 1917, lan 1918, yen digunggung kaya cara ing dhuwur iku bakal ketemu candhakan angka, 7, 8, 9, lan 10. Angka-angka candhakan 6, 7, 8, 9, 10, yen dilebokake ing wilangan aksara Jawa ketemu aksara Da, Ta, Sa, Wa, La (padha padu utawa perang). Pancen bener, taun 1914-1918 ana perang.
Semono uga tumrap mbledhose perang Dunia II kang uga 5 taun suwene, yaiku 1941-1945. Yen angka-angka taun 1941-1945 kita gunggung nganggo cara ing ndhuwur, uga bakal ketemu angka 6, 7, 8, 9, 10. Persis uga kepethuk maneh aksara Datasawala kang ateges ing taun-taun iku dumadi perang.
Apa besuk yen bledhos Perang Dunia III taune uga cocog maneh kaya ing dhuwur iku? Mung Gusti Allah sing pirsa.
Ature: Poerwanto Rs.
JB 42/LX, 18-24 Juni 2006
JB: Merapi ora sida njeblug, ujug-ujug masyarakat DIY lan Jateng kena lindhu sing dahsyat. Apa Nyai Rara Kidul lagi ngamuk?
Mas Ninok: Kedadeyan iki lagi miwiti. Gunung Merapi durung bar, sasi Juni nganti tanggal 15 masa kritis. Miturut mitologi, Merapi kuwi pakubumining tanah Jawa, yen ana gejolak berarti wong Jawa perlu introspeksi. Merapi saiki lagi “mbobot sepuh”, artine lagi ngenteni klimaks bledhosane. Aku melu belasungkawa marang pendhudhuk sing kena musibah lindhu. Muga-muga pinaringan iman sing kuwat.
Ngati-ati ing fase jaman Kalatidha, kaya sing ditulis ana Serat Kalatidha: amenangi jaman edan, ewuh aya ing pambudi, lst. Gung liwang-liwung ing lelimengan, kraosipun namung kebak dosa tuwin tintrim ing asepi, mugi pinaringan pangapunten sedaya kalepatan kawula Jawi.
JB: Apa kedadeyan iki kang panjenengan maksud layon agung kuwi?
Mas Ninok: Layon agung ngono bisa ditegesi sedane wong agung, bisa uga ditinjau saka cacahe. Musibah iki penget supaya bangsa iki luwih nyedhak menyang Gusti Kang Murbeng Jagat, kudu bisa njupuk hikmahe, lan tansah nyuwun pangayoman-E.
JB: Apa dosane bangsa kita?
Mas Ninok: Dosane bangsa iki ora kompak. Golek benere dhewe-dhewe. Musibah-musibah iki supaya didadekake pelajaran yen kita kabeh kudu tansah eling marang Gusti, lan waspada ing satindak-tanduke.
JB: Apa bakal ana musibah maneh?
Mas Ninok: Dideleng saka mitologi Jawa, yen ana musibah tiba dina Setu bakal ana musibah sing bakal nyusul. Kita kabeh kudu ndedonga supaya ora nganti kedadeyan temenan.
JB: Kanggo nangkal musibah, piye carane?
Mas Ninok: Sing akeh ndedonga sebab bakal akeh musibah maneh. Yen kuwat dongane muga-muga kita ora sampek kena musibah kuwi. Sebab kedadeyan lindhu iki tiba dina Setu lan akeh sing tilar donya. Biasane kaya ana sing narik. Artine arep ana musibah maneh sing nyebabake kematian. Mulane kita kudu bali nyang kiblat. Sing Islam kudu ndedonga sing bener klawan cara Islam. Sing Kristen ya cara Kristen sing bener, sing Kejawen ya semono uga, lan liya-liyane.
Ature: Endang Irowati
JB 41/LX, 11-17 Juni 2006